Gambar Mongtor Mabul …

nangkringE yo pisan-pisan ngrasakne “kemajuan tehnologi“. Ncen… mbayare yo larang… ning ono rego kudune ono rupo yooo, kui jebulane rung karuan. Ngertiyo ngono kawit mbiyen lumpuk-lumpuk dhit…. njuk nggo njijal (boso nggendi hayoo…)

k’yo ngene ki lho sing tak critakne… pirsanono…. delengen…. MAT-no…. HAHAHAHA

Mongtor Mabul  mongtor_mabul

njuk sing iki pas lingguhan neng njero…. E..e..e..eee….jebule kok raiso polah :( ora koyo neng angkringan-e kang Mul…. ndeprok nggone Toyo….

Puegel-e ra jamak2…. sangang jam di lereni sak jam njuk tutugne rong jam kurang seprapat…. komplit nganggo ndog = meh sewelas jam. Ananging poro sedherek…. gandheng arep difoto, gaya yo dak perlokne senajan ngapusi penonton :) ) :) )      Galoooo….tontonen iki….

~ oleh kartosemingun di/pada Januari 29, 2008.

Tinggalkan Balasan