Tahukan Anda… ? Pasti tahu dong…

Piye jal arep ngisi data iki, aku waton… asal2an wae pokoke isoh diwoco. Jan2e.. akeh sing kudu disinau, ngelingi aku ki asline dodolan jasa, sing ra perlu nganggo etalase, raperlu tukang jogo barang, omah sing fiktif

Koyo priyayi2 kae, kagungan dalem kok le apik2, tur luwih seko siji. Lha yen ngono, jajal bedhek-en, piro batur-e…. sedino ngentek-ne sabun pirang kilo nggo umbah-umbah sandhangane poro batur kui mau.. hahahahaha

njuk… jajal neh… delok-en neng prapatan ng’Gondomanan kae… akeh tenan dulur-dulur sing dho njaluk-i bageyan seko poro panumpak montor (hahaha). Ra ketang mangatus-sewu, lupute satus rongatus… we mesthi manthuk2 le ngaturke panuwun.

~ oleh kartosemingun di/pada Januari 24, 2008.

Tinggalkan Balasan